Jumat, 02 September 2011

> Ngupadi Heninge Ratri Anggayuh Weninge Ati

Wengi ditegesi beda-beda antarane wong siji lan sijine. Ana kang nganggep yen wengi iku padha karo peteng kang nyalawadi. Ing kamangka kahanan peteng rapet sesambungan karo laku durjana lan kadurakan. Ana sesebutan golongan peteng, laku peteng, lan uga lembu peteng. Jin setan priprayangan padha guyu latah-latah nggegodha janma uga jumedhul ing madyaning ratri kang wingit. Tan mokal yen akeh pawongan kang wedi metu ing wanci bengi.

Saperangan bebrayan ana kang negesi yen lakune wengi bakal jumujug ing kahanan sepi. Jare kandha sajrone wengi anane mung lali. Lali mring kasunyatan kang kita sumurupi ing alam padhang. Wengi nyata bakal nggawa kita urip ing alam impen kanggo nglelipur driya amrih bisa nglalekake sesanggan abote urip. Muhung aneng sajrone impen kuwi kita bisa njawab pitakonan-pitakonan kang ginembol medhosol ing sajrone ati. Iku ngono makna wengi tumrap wong-wong sing uripe isih sinangsaya mring kahanan. Beda karo wong-wong mulya sing nganggep yen wengi iku kudu dinikmati. Wengi iku kayadene alam kaswargan kang endah.

Njumenengi Ratri amrih Caket mring Gusti

Kang tinulis ing dhuwur iku nggambarake pinemune sebageyan wong ngenani wengi lan peteng. Mesthi wae ana maneh pinemu kang beda. Kabukten akeh uga kang menehi makna positif ngenani tekane wengi. Para ahli agama lan para warga bebrayan kang dhemen marsudi olah kridhane batin nganggep yen wengi iki kudu dijumenengi kanggo marga amrih caket mring Gusti sesembahane tumitah. Mugiya kawuningan yen tembung ‘ratri’ sing tegese ‘bengi’ iku asal muasale kanggo nyebut jenenge Dewi Ratri yaiku dewi kang nguwasani alam wengi manut kapercayan lan mitologi Hindhu.

Nadyan kanthi cara lan ritual sing beda-beda, para ahli agama lan kebatinan yakin yen wengi iku sa’at mirunggan kanggo ngadani laku amrih bisa cedhak ing ngarsa-Ne Gusti kang Maha Agung. Laku tirakatan ing candhi lan pura kita sumurupi ing tanah Bali nalika teka wanci purnama siddi. Kaya kang daksumurupi ing wulan Juli kepungkur nalika aku sanja ana papane mitraku ing Singaraja, dheweke semaya anggone ketemu aku muhung kepengin tirakatan ing candhi kang mapan adoh saka kutha Singaraja. Kajaba wengi purnama siddi kang kanggo tirakatan, uga ana wengi peteng ndhedhet kang sinebut Syiwaratri yaiku wengine Hyang Syiwa kanggo  ngadani ritual manembah marang Dewa Syiwa.

Ing crita rakyat saka Blora kita tepung karo paraga kang aran Jati Kusuma lan Jati Swara (data disertasine Dr. Setya Yuwana Sudikan saka Unnesa, Surabaya). Pangeran Jati Kusuma lan Jati Swara iku asring disebut minangka cikal bakal desa Janjang, Jiken, Blora. Paraga loro kang kondhang sekti iki anggone laku prihatin kanthi cara kang wewalikan. Jati Kusuma tansah nyegah dhahar nanging kena nendra, suwalike Jati Swara kena nedha nanging ora kena sare. Gegambaran laku iku nuduhake lamun pangan iku lambang kanikmatane awan dene turu iku mujudake kanikmatan ing wanci wengi.

Nora beda karo kang wus sinebutake ing dhuwur, sajrone wulan Romadlon ummat Islam dilatih supaya bisa ngendhaleni dhiri marang nguja kanikmatan kang wujud mangan lan ngombe ing wanci awan uga ngurangi nendra ing wayah bengi saperlu bisa nindakake ibadah sunnah. Ana prastawa tekane lailatul qodar kang kita kabeh wus sumurup yen wengi iku regane sakemper karo sewu sasi. Ing wengi iku nyata caket banget Gusti Allah mring titah. Eman yen wengi-wengi iku ora bisa dimanfangatake kanggo nikelale ibadah. Wengi-wengi kang pungkasan iku bisa kanggo nggayuh kasampurnane iman anggayuh derajad taqwa sing luhur.

Neng Ning Nung Nang

Saka andharan ing dhuwur kita bisa kandha lamun wengi saktemene dudu wanci kang medeni lan nggegirisi kaya dedongenan wong-wong kuna sing ndhelik  ing guwa nalika teka grahana rembulan ngira lamun rembulane ilang ditadhah kalamangsa dening Hyang Bathara Kala. Tumrap pawongan kang dhemen ngasah landhepe batin lan mersudi waskithane pangesthi, wengi iku bisa dadi sarana kanggo tumuju kemenangan urip kanthi dalan neng ning nung lan nang. Neng ning nung nang iku sekawit mujudake swara dhasar gamelan (Muhammad Zuhri 1996).  Rumusan iki uga mujudake piwulange Ki Hajar Dewantara. Mung wae, kita bisa ngetrapake  bab iki ing sajrone laku sing beda.

Neng. Tembung ‘neng’ asale saka tembung jumeneng. Wengi iku kudu dijumenengi utawa diedegake. Kayadene wisma, supaya wewangunan wisma bisa ngadeg mesthi mbutuhake cagak. Cagake awak iku sikil nanging cagake sirah dudu gulu. Cagake mustaka iku jebul netra. Coba dibayangake kayangapa kekuwatan gulune Mike Tyson, Si Leher Beton lamun mripate wus ngantuk kelakon ambruk nglumpruk tanpa daya. Ya saka pangerten iki mula ana istilah cagak melek. Ing kampung-kampung yen ana adicara jagong sepasaran bayen (ing tlatah Yogya lan Surakarta) utawa muyi (ing tlatah Wonosobo), melek sajrone pupak puser (ing tlatah Tegal), mula padha tirakatan. Kanggo cagak melek mula terus padha kidungan, main kertu, lsp.

Njumenengi wengi mesthine diprayogakake kanthi dalan sing bener yaiku nindakake ngibadah lan nikelake anggone eling mring panguwasa-Ne Gusti kang Maha Rumeksa. Ing piwulang Islam disebutake yen saprotelone wengi sing pungkasan iku klebu wektu sing ijabah, mula disunnahake padha ngakeh-akehi nindakake ngibadah. Adate donga lan panyuwunan kang diunjukake marang Gusti ing wanci iki uga gampang kasembadan nadyan tembung ‘kasembadan’ iku bisa ditegesi werna-werna. Tumrap sing njumenengi wengi kanthi mendem utawa ngunjuk ciu lan main gaple mesthine beda entuk-entukake karo sing tekun ngibadah.

Ning. Tembung ‘ning’ teges hening lan uga wening. Kanthi njumenengi wengi mula bakal bisa ngrasakake swasana kang hening. Ratri kang terus tumapak bisa dirasakake. Ing kahanan kang banget nyeyet kita bisa ngrasakake keteke jantung, melar mingkuse nafas, prasasat tumiyupe samirana, obahe gegodhongan, pirembugane kutu-kutu walang ataga bisa rinasa kanthi cetha malela. Apamaneh lamun kita bisa ngrasakake gantine dina ing madyane ratri, ana rasa sing ora bisa ginambarake kanthi reroncene tembung lan dawane andharan. Kanthi nglatih ngrasakake heninge ratri kita bisa nglatih konsentrasi tumuju ati kang wening. Weninge ati bisa menehi pituduh dalan bebener lan bisa uga nyumurupi dalan luput.

Nung. Tembung ‘nung’ teges kasinungan. Kasinungan iku padha wae ateges kapanggonan. Kasinungan ing kene nuduhake kapanggonan daya. Lamun bisa duwe ati kang wening mula nyumurupi dalan bebener lan luput wus mesthi titah iku bakal kasinungan daya kaluwihan kang maneka warna. Ana kang ditambah kawaskithane, ngelmu mimpin, daya linuwih, kapinteran, kesabaran, lan maneka warna kanugrahan liyane. Wong kang kasinungan iku bisa diarani entuk wahyu (hanung) kang bakal murakabi kanggo dhiri pribadi, kulawarga, lan bebrayan agung. Hanung iku nuduhake sih kanugrahan lan kawelasane Gusti kang Maha Kawasa marang kabeh para titah.

Nang. Tembung ‘nang’ bisa ditegesi menang utawa wenang. Pawongan kang wus kasinungan utawa entuk hanung bisa diarani wong kang menang. Menang sajrone urip tegese bisa nguwasani urip. Menang karo sapa? Dudu menang sajrone perang lan nguwasani sepadha-padha nanging menang lumawan hawa nafsu. Wong sing bisa ngalahake nafsune dhewe teges entuk kewenangan ngrasakake kamardikan lair batin. Ing kamangka ing jaman iki ora ana maneh perang sing luwih gedhe kajaba perang lumawan hawa nafsu. Wong sing uripe kalah yaiku wong sing dadi budhak hawa nafsu lan kepenginan kadonyan. Yen kaya mangkono nyata urip iku muspra tanpa piguna awit jantrane uripe tumuju dalan sing agawe keblinger.