Selasa, 09 Oktober 2012

> SANGUNING AGESANG

KINANTHI Kanthi awas lawan emut / santosa sabar ing budi / makatên wêwulangira / para lêluhur ing nguni / yèku sanguning ngagêsang / nèng donya murih basuki // Lire awas têrangipun / sabarang tindaking urip / aswa tilar ing wêweka / wajib titi ngati-ati / jêr donya akèh penginan / kang karya sangsarèng dhiri // Awit ing kalimrahipun / ngagêsang lamun ningali / ing wêwarnan kang sarwendah / miwah mawi amêmelik / kauntungan langkung kathah / tyasira gampang kapengid // Ing satêmah lalu limut / saking melik gendhong lali / wong dêdulu: ngabotohan / makatên upaminèki / saèstu melik kalintang / wrin pamênang anglangkungi // Jêr saêjam bisa ontung / mênang têlung puluh ringgit / tur sinambi jêjagongan / ngrungokke gôngsa ngêrangin / tibaning gong kabênêran / nêbak bangku angrabasi // Bingahe kalangkung-langkung / lir jawah têkaning dhuwit / kang mulat dahat kapranan / têmah milu anênêmpil / yèn mênang pan dadi tuman / yèn kalah mrih wangsuling dhit // Kang makatên wujudipun / wong tilar waspada yêkti / mung kang mênang kang katingal / kang kalah datan tiniti / gene tan wrin kawirangan / nêmbung utang kèh sujanmi // Yêkti kathah yèn winuwus / bêbaya ingkang pinanggih / wit saking karêm kasukan / wong sugih pan dadi miskin / priyayi kecalan pangkat / wênèh ana nglalu mati // Wontên malih tunggilipun / wong karêm utang kapati / dupèh gampang linampahan / mung muwus kèwês kawijil / nyêngka nganggo têtanggungan / mêsthi lamun dèn sukani // Wêwekane tan dinulu / anakan nêkuk nikêli / mung melik tampaning arta / krasa-krasa yèn tinagih / pinêksa bayar cicilan / mawi ngancam murih miris // Ketang saking ajrihipun / wusana ngupaya budi / utang-utang maring liyan / karya wangsuling panicil / mangke saya kasangsaya / nandhang utang andharindhil // Sigêg ganti kang winuwus / mênggah bab emut puniki / lire emut mring lêlakyan / nênggih utamining urip / sumingkir maring maksiyat / yèku panggawe tan yukti // Jêr ngagêsang yèn kongsi wus / paracidra anindaki / utang ngêmplang ambêbedhang / ambêk siya ing sêsami / colong jupuk èstu têmah / sinirik sakèh sujanmi // Dadya apês badanipun / uripe sinônggarunggi / nambut karya tan tinampan / saya ayun angêngêmpit / candhak kulak bêbakulan / layanane nora sudi // Yèn kalêrês sami kumpul / jroning pasamuan yêkti / kang cêlak tumuli kesah / sumêlang bok diarani / ginêbyah uyah wong ala / katôndha katon nyakêti // Marmane sami dèn emut / marang ing panggawe bêcik / anêtêpi tatakrama / mrih sinihan ing sasami / èstu agêng dayanira / sugih mitra mitadosi // Kêni pininta pitulung / bok ing têmbe angalami / lêlakon kang ewuhaya / anaa kang amadhangi / pêpêtênging manah susah / mrih lêjar lir wingi uni // Wondene ingkang kasêbut / santosa kukuh ing kapti / tan kagiwang ing panggodha / mung mungkul ngèsthi sawiji / kanthi têmên-tinêmênan / mrih katêkan kang kinapti // Makatên ing lampahipun / panggayuh marang kamuktin / têtêp budi datan owah / mungkur ing rèh ngujèng kapti / abêbungah tanpa wayah / byung-ubyungan pakardi // Balik malah amilaur / nèng ngomah marsudi budi / kasampurnaning pakaryan / apa ingkang dèn tindaki / insya Allah katurutan / katêkan ingkang kinapti // Mangke sabar kang winuwus / kathah ingkang amastani / tindak ingkang ngulêr kambang / ngalêmêr lir kurang bukti / cinacad tindak tan yogya / makatên klintu sayêkti // Wondene pikajêngipun / tindak kang sabar puniki / lire mawi ngarah-arah / aywa nganti mindho kardi / marma katon datan rikat / saking tindak ngati-ati // Yèn ambabar èstu punjul / kang saya lêga ing galih / kang mulat sami karênan / saking ing pakirtyan awig / satêmah kondhang warata / aindêngi sanagari // Yêkti wontên bedanipun / tindak sabar lawan rindhik / tumrap tindak ingkang sabar / talatèn kalawan titi / datan darbe wêgah sayah / linambaran budi êning // Tindak kang rindhik puniku / kakehan klêthêk yèn wiwit / nadyan garap barang gampang / dangune kapati-pati / ing wusana lêrês lêpat / tarlèn nyuwun pangaksami.

Rabu, 03 Oktober 2012

> ANA KIDUNG RUMEKSA ING WENGI

Di sini adalah alih aksara naskah lontar Ana Kidung, milik Kristel van der Korst, Loosdrecht. DANDANGGULA 1. /1a/ Ana kidung, angrasa dina wngi, tan gu / rahayu, aduh ing alara, / luput ing balahi kabéh, ji / m sétan datan purun, pana /1b/ luhan datan awani, aduh i / ng panggawé ala, gni wong alu / put, gni atemahan tirta, / maling anah, tan ana wani ri ka /2a/ mi, guna dudu pan sirna. 2. Sakeh / i lara pan samya ambali, / sawoh i kemat, si puru / n olas, kawelas asih padu /2b/ luné, sakéh i braja luput, ka / di kapuk tibaniréki, sakéh / ing bisa tawar, sawok roda / tatap, kaya’ agung lemah sih, /3a/ sok ing landak, gwa ri mong lemah mi / ring, pekik i puwaning marak. / 3. Pagulingané warak sakang / lwir, kadya ngambah, i segara sat, /3b/ kowasa ngambah pucuké, apan sa / rira ayu, ngingidran sako / héh i widadari, rinak / ing para malaékat, sakatah /4a/ ing rasul, dadya ta sarira tunggal, / nétra Adam, uteku bagi / nda Esis, pngucapé nabi / Musa. 4. Sumsumku Patimah /4b/ kang lénuwih, nabi Yakup, pamya / saningwang, nabi Yusup cahya / ngku mangké, nabi Dawut / swarangku, mwang Suléman kasaktén ma /5a/ mi’, nabi (I)brahim i nyawa, Idri / s i rambut, baginda (A)li ku / litingwang, Abu Bakar, getih / daging marsinggih, balungkuk baginda /5b/ Usman. 5. Siji-sawiji mulana da / di, ta marencah, dadi (i)sini / ng jagat, kang sami ring jasat / reké, sakéh rencana (a)gung, nora wani ma /6a/ rek ing kami, sakéh ingkang rencana, / lan isining wanéku, jim kala / wan blis lanat, nora wani, / saking takdir Alah luwih, brerka /6b/ t nabi rasululah. 6. Sing angidung ana / kidung iki, dénya gati, la / nggeng ma’muliya, aywa miril mu’mi / nin reké, slamet lan rahayu, /7a/ noranana wani marek ing kami, sa / nwéh ikang rencana, pada a / njarit-jerit iku, brakat na / bi Adam mwah, nabi rarul /7b/ Mustapa kang lénuwih, brakat la’ila / ha ilalah. 7. Kuluhu’ gni u / balak-ubalik, séta / n mara, sétan matya, blis /8a/ lanat suminggah reké, sakéh / é kang arungu, kang anurat / kang animpeni, dadi raha / yuning jasat, kinarya sasa /8b/ bur, winacahakening to / ya, kinarya (a)dus, wong / lara tuwak iki, kiner / ya adus wong édan. /9a/ 8. Lamun ana wong édan dhurpari, puwa / sanen, sadina sawangya, / i derna jingga lengé, lamun si / ra angluruk, musuhira datan /9b/ wani, lamun sira aprang, wate / k ingkang skul, skurlé tigang pu / lukan, musuhira, rare / p norana wani, rahayu /10a/ kang aprang. 9. Lamun ana wong kabanda / iki, mwang kadenda, lan wong / kabratan ing utang, yu / gya asembahyang reké, wayah /10b/ é tngeh dalu, ping sawola / s winaca aris, ucu / l ikang kabanda, malih kang / binanda iku, agelis si /11a/ ra linuwaran, wong utang / sinahuran déra Yang Widi / , wong agring nulih waras, (éh éh éh éh éh /11b/ 10. Sumsumku Patimah kang lénuwih, / kang minangka, rahayuni jasa / t, panguluning rasul ta reké, / sakéhé kang tumuwuh, salira /12a/ né tunggal lan nabi, atéku ya Mu / hammat, pangulun i rasu / l, pinayungan Adam / sowara, samaptané, /12b/ sakatah i pra nabi, mapan / salirané tunggal. / 11. Pupuyun tutugeng /13a/ nong(?) tutub langit, angin barat, / gumlang ing tawang, cinancang ta ké / tang reké, angrajak gunung siyu, / jala sutra ilu mama’, mi /13b/ wah sawéh i braja, mangadang i / suh, anulak panggawé ala, / rara rungga, gumingsir pada a / glis, awor sakéh i wi /14a/ ksa. 12. Alungguh ring luhur kursi, kang atunggu, / sinurak ing tawang, pangalebur lara kabéh, / kusuk-kusuk i luhur, iku ing lang / -lang i langit, miwa sakéh ing braja, ma /14b/ ngadang i musuh, atunggul (l)atri lan syang, ki / na wdi, blis lanat suminggah sami, nora wani kang karencana. 13. Pan / punika i budiniréki, wali Arab, /15a/ sasang kadi mula, kirun sukung tangan reké, / wanak karuntang atunggu, suku kiwa nga / gem gada wesi, anulak rara ru / ngga, satru lawan musuh, pan tineggah /15b/ déni yang, ider-ider, kaluhu’ balan / ubalik, sing ala satruning Alah. / 14. Gunung siyu sanggup palutur iki, sagara / asat, panuruh satruh driyané, mama /16a/ nikan teguh timbul, wawalyan kasakti / yan i nabi, lut senjata lanang, / tantu Mekah iku, betdil tulup / pancar upas, pada putung, jempar i /16b/ nora nginganin, pélor ambal iki Da / hlan. 15. Gunung siyu makapager mami’, / katon murub, sing tumingal / ilang, miwah sang utamé reké, sa /17a/ kwéh i lara lebur, tantu mamah ing awa / k mami’, miwah sakwéh i bra / ja, magadang i musuh, ya ing rah / mat ma’mulya, rahmat jati, /17b/ jumneng basa jasmani, ya rahmat ma’mulya. 16. Abner sang rasu bani, kang adulu, awla / s sadaya, lulut asih sarat kabéh / , mapan nabi ptang puluh, amayungang rahi /18a/ hina wngi, damar nabi wokasan, sapda / nabi Dawut, aptak baginda / Amsyah, sing arungu, ajeri / t-jerit samya wdi, linuruk /18b/ samya sirna. 17. Lamun tan bisa amba sai / ki, ginawyé, dadi simat puni / ka, tguh tibul paparabé, ya / n ginawa alurung, musuhira ta /19a/ n awani, luput panggawé ala, gni wong / ngaluput, musuhira tan uni / nga, pan sinipen, rinaksa / i Yang Widi, teguhé tan pata /19b/ ndingan. 18. Satru musuh kundhur pada wdi, / apawangan, wruh Bétalmukedas / bolak-balik panggawéné, amba / lik kinowang kundhur, rara rungga pada /20a/ gumingsir, kang agring nulih waras, wong / gni luput, nora wani umareka, / saking rahmat, rahayu pakra / tinéki, rahmat patulung Alah. /20b/ 19. Sing angidung ana kidung dina wngi, sapa / wruha, reké araningwang, dun disu / n maksi raré, dépun raré / ku, samurti lan ki sabrangti, ngalih a /21a/ ran ping tiga, arta driya téngsun, du / k ingsun angalih aran, yang arta / ti, araningsun tuwa i / ki, sapa wruh araningwang. 20. Sapangu /21b/ wruh kembang tampus siréki, awruh / ingaran, yang arta drarya, tuga / l pancar i samané, sing sapa / wruh puniku, sasat teguh Pager /22a/ Wesi, rinaksa wong sajagat, kang a / kidung iku, lan aluput ing durjan / wngi, tanawani wong cidra (rusak) /22b/ 21. Du ana kidung iki, sabran wa (rusak) / nn awani wong cidra, yadyan bisa / tawar bahé, sing amaca arungu, / kang anurat kang animpeni, no /23a/ ra wani kang rencana, sawngi luput, / yan binakta alulunga, ri margané, / sing kapapak pada asih, dadya / n ana wong gila. 22. Milané tan /23b/ kna sanding, gagéndhongan, miwah wawa / rakan, Alah angadangena reké, / krana ta aja wruh, yan awruh pu / nika wdi, saki sagara wétan, /24a/ Alah angadang iku, jujuluk syang tu / gal, tunggal jati, dumeteng / sang yang artati, aran pkur jati / nya. 23. Apaparab soma hari, /24b/ ilaheni, arané duk agesang, wu / s mati kaya arané, duk langgi / h anéng gunung, apaparab wasi / séng jati, ngalih aran ping tiga, /25a/ duk anom matéku, adam jati do / dolan, ing urunan, ngalih aran sri jati, niscaya ake / ning rawa. 24. Segara agung mako /25b/ bumi iki, lagi iku, ni wong sa / buwana, pada asih mawoh kabéh, / sing bisa ngakgé kampuh, ko / wasa ngangambah bumi, singandari bulan, /26a/ pada asih maréngsun, yadin manusya / asih sira, Sang Yang Tunggal, para / ndéné kawolas asih, atma / ni rama ring yang. 25. Sakatahé panem /26b/ bahan puji, kaatura, kang angra / ksa jagat, kang asih i mu’min / kabéh, atuduh marga luhung, kang / adumi i dumi dasih, kang murah a /27a/ néng dunya, nora kang luput, sami sinung / an baksana, tkéng éwan, miwa / h ruma beténg jro bumi, sami sinunga / n baksana. 26. Kang akraya utusan /27b/ kang lénuwih, i sakwéhé, jim lan / manusya, ngangangken kasih reké, no / rananana kadi iku, kasih / ané sakéh i pra nabi, pan /28a/ mulané akerya, dadi ratu iku, da / di swarga lan nraka, tan liyan / saking, sihira mri dutadi, ki / nerya kanyata’an. 27. Sadéréng /28b/ é bumi langit iki, dur puniku, pan / wus ana, lan kayu’ ana reké, a / nginur kang rumuhun, saki takdir A / lah luwih, duk Alah anandika, ma /29a/ ring nur lan kayu’ puniku, lah nur a / sujut dasi (rusak) pada sujut, pi / ng lima asujut iki, iku mu / lané ana salat. 28. Mulané ana /29b/ salatiréki, lima waktu, nur mula / né ika, asujut ping lima re / ké, karané kayu’ puniki, / Sajaratulmuntaha iki, empang /30a/ ipun lilima, anging ta kayu’ puni / ku, norana mawipatra, sajati / né, nur mulané rumuhun, iku kang / dadi panutan. 29. Saking kasaka /30b/ ’ Alah luwih, akeryanen, kakasih / i yang, minangka didi kabéh / gumilang-gilang asruh, anéng u / sul kalam mri rincing, awarna /31a/ kadi lintang, kendil aranipun, / cinantél déning aras, tumé / tésan, tétés dadi roh / ing nabi, ika mulané ana jagat. /31b/ 30. Ing aranan yayahiréki, rohira reké, baginda Ada / m, tunggal iku pinakané, ba / ginda Adam ika, ingaranan /32a/ yayahing jisim, mulané ana ba / dan, nyawané kang rumuhun, nur / bwat ring rasullah. 31. Sahira saki / ng Adam siréki, ginentis sira, ing /32b/ rarahinira, kang ingaran awa reké, / mijil saking suta jalu, inga / ranan baginda Sis, nurbwat anéng / Adam, lami-lami tumurun, prapta /33a/ siréng apdhulah. 32. Tamat. né luhu’. nhung / sa’ (motif bunga-bungaan dengan aksara ditulis di tengah-tengah)  hat dawa pukuhul laku yamilat, / wala yumilat, wali yumila / lat masahulahata, wa’ / ngahul sukal (motif bunga-bungaan) /34a/ né raja Ubesi, aran jaya. / bismilahirahmanirahim, / raja Ubesi, bapa’nya aji / namanya Besi, mendadi kentar /34b/ tiping batu ponku asal besi, si / di luwar besi, di dalem besi, / Alah besi Muhammat besi, bla / kangku besi, yén sira mangan /35a/ awak sarirangku besi, saheng ko / sing burungan, kapir jenengi / ra, yén ingsun mangan sira, haram jnengisun, aja sira /35b/ mangan kulitku satampaking apalu, / aja sira mangan dagingku, satampaking kaki, aja sira ma / ngan getihku satampaking /36a/ gurinda, galih aran pamor purasa / ni, maléla waja pada lemes / sakéh i wesi kuning, pada / lemes satampaking apalu /36b/ paron, brakat la’hilaha’hilalah, /37a/ Alah uma dowa tulak bilahi, / rubuh-rabah sandi babah, u / ru umbalah pandhu balah, ku / luhu’ sungsang-sungsang jim sétan /37b/ katulah, raja kanon, raja ku / ning, abulah ramatulah, / Majapahit buta bisu gni / pandhu bala, blis dara sétan mati, /38a/ janma marajan mati, sing jahil satru / ning Alah, kutda brakat do / wa tulak bilahi, brakat la’hi / laha’ilalah brakat Muha /38a/ mmatda rasululah. léyot latét / sang awet, Alah sang Alah sira / jayakrasa, jneng aku Jayakarsa, mapan aku gaduh sangurung-urung Jayakarsa, /39a/ nyarek acacek kaka’ amaté, / woda putih kalala musna i / lang, ayu mneng ratu burung, / sidi mandi mantra sangurung-urung burung /39b/ . mhal mati datu mur kawula / déwa ngéndéng dowé / datu mas panji mapan aku / gaduh sangurung-urung. /40a/ Alah uma dowa tulak bilahi, ru / buh-rabah, rendhib kabalah, uru / umbalah, pak dhurbalah, raja ka / kén raja kuning, raja bumi raja /40a/ langit, raja lahat, majapahit / panulak bilahi. (/41a dan /41b/ kosong) né senjerit tawu se / hér. ugik-ugik-ugik. uwak uwak uwak uwak /42b/ ugik ugik ugik ugik , / ugik ugik ugi / k, uwak uwak uwa / k uwak uwak uwak.

> TRI PRAKARA, SATRUNING NGAURIP

Tri prakara, satruning ngaurip. Yèn pinêkak: wèh utama. Yèn inguja: wèh sangsara. MEGATRUH Pêgat-pegat wuwuse pandhita sêpuh / mring sagunging para cantrik / kang samya andhèr nèng ngayun / nyadhang wulange sang rêsi / munggèng sanggar kacariyos // Pan mangkana purwaning wasitanipun / sira kabèh para cantrik / rungokna wêwulang ingsun / môngka sangune ngaurip / aywa na kang kaparojol // Tri prakara satruning manungsa iku / kang dadi godhaning urip / setan lawan donyanipun / miwah daginge pribadi / katrinya tan wèh krahayon // Marmanipun sira kabèh pra manguyu / kudu awas kudu eling / ywa sira nganti kalulut / mring katri kang môngka wèri / wèrining wong mèt krahayon // Lamun ana kang klulut mring katri iku / tangèh ingaran utami / malah kosokbali tuhu / aran manungsa sapalih / mokal eling mring Hyang Manon // Mungguh jèntrèhe katri prakara iku / sun udhare saka swiji / setan iki artinipun / kang tansah ngojok-ojoki / murih nglampahana awon // Nadyan janma yèn nganggo watêk puniku / yakti tan siwah lan iblis / mung tansah mèlèt mêmulut / dimèn katut kanthil-kanthil / kalulut maring piawon // Wus mangkono watêke iblis puniku / tansah ngarah-arah arih / mawèh gunêm manis arum / lir tètèsing madu gêndhis / kang ingarah tan karaos // Yaktinipun gunême kang manis iku / môngka tèdhèng aling-aling / tandukkên paekanipun / ywa nganti cêtha katawis / dènnya nglèlèti piawon // De trangipun watêke iblis puniku / sêngit mring janma utami / dadya kathah krenahipun / nandukkên guna lan dhêsthi / nanging sranane tan mêlok // Adhuh-adhuh sira cantrik lan manguyu / dipun awas dipun eling / mring solah kridhaning mungsuh / kang padha alaku sandi / masang jirêt kang tan katon // Singgahana kabèh gunêm manis iku / solahbawane katawis / kang ngarah ala puniku / lèjêm liringing pangèksi / wum mêlok yèn arsa goroh // Kang kadwinya sangkalaning urip iku / donya brana rajapèni / rêtna adi myang jumêrut / cinêkak gampanging uni / kabèh kang sorote mompyor // Dayanipun soroting donya puniku / nyulapi tranging pangèksi / lèngkète ngluwihi pulut / nutup netra kanan kering / nyumpêt karna ngrisak batos // Kathah janma dadya ewah miwah gêmblung / mung kalulut rajapèni / datan jêjêg imanipun / lali kang wus dadi wajib / nêrak anggêring Hyang Manon // Wus bênêre manungsa wajib anggayuh / rajabrana rajapèni / nanging aywa nganti limut / mung melik bôndha kang adi / wani nrajang mring wêwaton // Kang kacêtha minôngka upaminipun / punggawa abdi nagari / priyayi apangkat luhur / nômpa bêsêl rupa picis / sing janma kang sugih yêktos // Wigatine nyaosi bêsêl puniku / kinacèka ing sasami / yèn lêpat aywa ingukum / wasana priyayi melik / nômpa picis mlêbu kanthong // Adhuh-adhuh kabèh para cantrik ingsun / aywa sira wani-wani / nglakoni tindak kang dudu / nêrak anggêring nagari / mung ngudi isining kanthong // Iku têtêp janma tan wruh saru siku / mung kalulut êmas picis / lali marang wajibibun / nrajang sumpahe pribadi / mung melik intên mancorong // Katrinipun satruning ngaurip iku / yèku daginge pribadi / myang kabèh karêmanipun / kang kaprah ingaranan mim / iku singkirana yêktos // Luwih kathah cacahing êmim puniku / minum mangan lawan main / madat kaping caturipun / kang luwih gêdhe satunggil / yèku kang ingaran madon // Kang sun rêmbug mung kang aran madon iku / iki karêmaning daging / kang lwih gêdhe dosanipun / kang nêrak prakara iki / klêbu janma kang lwih asor // Datan pae lan sato kang asor tuhu / marma sira para cantrik / cêgahên ardaning kayun / kang kapengin ulah rêsmi / mung nuruti budi asor // Pêrangana kêkarêpan kang tan urus / yèku karêmaning daging / kang tansah murih mêmirut / nutup karna myang pangèksi / anjarag nglampahi awon // Lamun sira bangkit nyandhêt hawa napsu / iku utamèng dumadi / aran unggul juritipun / mêrangi kurdaning iblis / iku manungsa kinaot // Marmanipun kabèh cantrik lan manguyu / udharên budinirèki / jèrèngên tawangna gupuh / munggèng pêpadhang sajati / ing kono apa kang katon // Lamun ana kang sisip gêdhe salugut / enggal jumputên pribadi / cêmplungna ing gêni murub / dimèn sirna êntèk ênting / kari bêcike kang mêlok // Mung samono gaduging wêwulang ingsun / adhuh sira para cantrik / cathêtên munggèng kêkulung / minôngka jimat paripih / ywa nganti lali ngrêraos // Wêwêlingku sira kabèh pra manguyu / candhêtên ardaning ati / elinga mring katri iku / setan donya lawan daging / katrinya tan wèh krahayon // Tan paedah sira cêgah mangan turu / salaminya anyênyirik / nanging nguja hawa napsu / nuruti karêping daging / têtêp ingaran wong asor // Para cantrik sandika ing aturipun / dhawuh andika kapundhi / nêdya nglampahi pituduh / andikane kyai rêsi / sang rêsi nulya makuwon // Para cantrik kinèn samya nyuwun rêmbug / yèn wontên pêtênging budi / kênèng sambekalanipun / kang dadya araling urip / puwara gya samya bodhol // Pramila kadhapur wicantênipun pandhita mulang para cantrik, supados botên katingal nyolok mripat. Gubahanipun: ajar ing wukir Lawu. Anggitanipun R.S. Karta Wardaya