Selasa, 30 Agustus 2011

> Memayu Hayuning Pribadi

MEMAYU HAYUNING PRIBADI

Pituduh 105

Ing samubarang gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh banget ambekalane sIng ora bisa dinuga tumibane. Jer kaya unine pepenget, “Menawa manungsa iku pancen wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing astane Pangeran Kang Maha Wikan”.
Mula ora samesthine yen manungsa iku nyumurupi bab-bab síng durung kelakon. Saupama nyumurupa, prayoga aja diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal murihake bilahi.


Pituduh 06

Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan : “Sabar iku kuncining swarga”, ateges marganing kamulyan. Sabar, lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan andadaraning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki.


Pituduh 107

Kahanan donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir. Yen sira kebeneran katunggonan bandha lan kasinungan pangkat, aja banjúr rumangsa “Sapa sira sapa ingsun”, tansah ngendelake panguwasane tumindak degsura marang sapadha-padha. Élinga yen bandha iku gampang ilang (sirna). Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.


Pituduh 108

Saiba becike samangsa wong kang lagi kasinungan kabegjan lan nampa kabungahan iku tansah eling gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing. Awit elinga yen tumindak kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi watak jubriya uga mletikake rasa rumangsa yen wong dilairake marang sapadha-padhane titah, mbengkas kasangsaran, munggahe ngreksa hayuning jagad.


Pituduh 109

Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake kasugihan lan kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku ngengon awakmu dadi ora aji. Luwih prayoga turuten pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes mesthi tumelung, kang ndongak mracihnani yen kothong tanpa isi.


Pituduh 110

“Rumangsa sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa”, iku yen ditulis genah mung diwolak-walik bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepenginan ora maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan.


Pituduh 111

Nadyan wesi iku kanyatane atos, ewa semono yen iís ketrajang ing taiyeng ya bakal entek gripis. Semono uga tumraping wong kang kataman rasa meri, atine mbaka sethithik uga bakal gripis, awit rumangsa yen awake tansah apes, saengga kelangan greget lan lumuh makarya.
Wusanane pepes atine kentekan pengarep-arep.


Pituduh 112

Yen sira sacara badaniyah lan rohaniyah tetep kepingin bagas kuwarasan, tansah elinga rong prakara iki :

1. Tansah jaganen sakehing samubarang kang nedya sira lebokake ing tutuk, dithinthing luwih dhisik apa bakal gawe rusaking raga apa ora.

2. Kulinakna mikir luwih dhisik samubarang kang arep sira wetokake saka tutuk. Lire pikiren luwih dhisik klawan mateng apa kang bakal sira wetokake iku ora malah gawe kuceming awakmu dhewe, nglarani atining liyan apa ora. Dene yen ora ana paedahe luwih becik aja kok kojah amrih ora nandhang piduwung.

Pituduh 113

Digendhongana dikuncenana kaya ngapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine utawa ajale, mangsa bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen kita manungsa mono ing atase badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa maneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajad semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awít isih ana panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwíh kuwasa.


Pituduh 114

Ngombe lan memangan yen tanpa taker lan tanpa pilih-pilih iku pancen bisa nekakake bilahi.
Mula nyandhet ubaling kepinginan ngombe lan memangan kang kaya mengkono mau wis ateges sawijining pamarsudi nyegah karusakaning jiwa lan raga. Wondene sranane kang prayoga yaiku pasa sing mengku ancas pupur sadurunge benjut nyingkiri sadurunge bilahi.


Pituduh 115

Kamulyan lan kanikmataning urip wong-wong kang sugih dituku mawa tangising rakyat kang mlarat.


Pituduh 116

Kang kinaran janma kang wis kadunungan cipta kang wening iku, yaiku sapa kang wis temen-temen mantep pangidhepe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wong kang kaya mangkono mau samangsa nindakake pakarti apa ta apa tansah linambaran ati kang sarwa tepa tulus, kabeh-kabeh amang akarana Allah. Ora cilík ati, gedhené ngrasa owet ing kalane wohing panggawene mitunani awake dhewe, nanging bisa gawe raharjane sesamaning dumadi. Kosokbaline wong kang nindakake pangibadah nanging isih ndarbeni pepinginan supaya diweruhana lan digawokana dening Allah, iku pratandha yen pangidhepe lan pangibadahe durung akarana Allah.


Pituduh 117

Pambudidayanira manembah marang Pangeran iku prayogane aja sira anggo sarana ngalab tumuruning peparinge, nanging mligiya nindakake panembah mung saka niyat manembah.
Awit wong kang nyenyadhong sihing Pangeran sarana laku panembah kathik banjur nyata kaleksanan panyuwune, ing adat wong mau banjur dadi kethul kawaspadane marang kaluhuran lan keagungane Kang Murbeng Dumadi. Aran isih begja yen ora banjur dadi wong jubriya seneng nyepelekake marang sesamaning

dumadi.


Pituduh 118

Ana sawenehing wong kang duwepenganggap menawa nyenyuwun sihing Allah iku ora ana gawene. Awit Gusti Allah iku adil lan Maha Wuninga saengga ora bakal peparing marang wong kang ora pantes nampa ganjaran, nanging wong mau sajak lali yen Gusti Allah mono Maha Welas lan Maha Asih. Uga ana sawenehing wong kang ora precaya marang anane Gusti Allah, presasat uga ora precaya marang anane dhewe, dene nganti awake lair ana ing donya.
Nanging yen wong mau nandhang reribed lan nalare wis pantog, adate tuwuh osiking atine yen Pangeran iku ana malah banjur disesuwuni.


Pituduh 119

Wong kang kulina ngeningake ciptane kang resik ing wayah esuk, lawas-lawas banjur bisa ngeningake ciptane ing wayah bengi uga, lan sangsaya lawas maneh bisa ngeningake cipta ing wayah apa bae lan ing ngendiya bae. Nanging sabarang pratingkah iku bisa dadi pakulinan manawa katindakake kanthi ajeg, sarana panglantih kang tumemen lan ora bosen.
Klawan mangkono sabarang kang maune rinasa rekasa lan abot, bakal sirna.
Mangkono uga ana bedane yen kita kepingin nanem wiji kautaman, iya kudu kita gladhi tanpa bosen.

Pituduh 120

Yen pinuju wayah bengi langite terang banjur tumengaa ing tawang, kita bakal nyipati saperangane gelaring alam, abyoring langit kang sumilak sinebaran lintang-lintang pating krelip, gedhe cilik kaya wis sengadi tinata panggonane, angin sumilir ngobahake kekayonan lan gegodhongan kang ngandhut aruming gandane kekembangan. Sing kaya mangkono sayekti bisa nuwuhake rasa pangrasa tentrem ing ati kita. Nanging luwih saka iku, apa sing kaya mangkono mau ora ngosikake kita tumrap kaluhuraning Kang Maha Agung kang wus mranata sakabehing mau?.


Pituduh 121

Tumraping wong mursid yen pinuju kambah ing prihatin, nolah-noleh ngiwa nengen wis ora ana pitulungan maneh kang bisa diarep-arep tekane. Parandene ora bakal koncadan ing pangarep-arep. Awit wis mangerti menawa tambane prihatin kang ampuh iku ora liya kejaba : sabar. Sabar lan tawakal nyenyuwun kanthi temen-temening ati marang kamurahaning Kang Maha Kuwasa kang ngregem sakabehing mobah-mosiking jagad saisine.


Pituduh 122

Ala-alaning kelakuwane wong ora kaya kang sinung watak “Sapa sira sapa ingsun”. Marga sendhenan kaluwihane, embuh kekuwasaane, embuh karosan, seneng tumindak sawenang-wenang marang kalahane kang wis tita ora bakal kumawani mancahi gedhene nganti wani mbandakalani kekarepane. Wong kang nduweni sesipatan kaya mangkono mau prayoga enggal ngelingana menawa laku jantraning jagad mono wis kinodrat cakra manggilingan; sing wingi ana ngisor dene sesuk gilir gumanti bakal ngerehake.


Pituduh 123

Saben dina kita ajeg reresik badan lan penganggo, kajaba amrih bagas kuwarasan uga katon apik lan ngresepake. Iki pakulinan kang apik. nanging luwih prayoga maneh yen jroning ati banjur katuwuhan osik : apa saben dina kita uga reresik lan ngupakara batin lan jiwa kita amrih sangsaya apik lan sangsaya resik saka sakehing rereged saka anane cacad-cacad lan panggodha.
Sebab yen badan wadhag kang kena ing rusak iku kita gemateni, geneya jiwa kita kang asipat langgeng malah kita lirwakake pangupakarane?.


Pituduh 124

Sumendhe ing takdir iku dudu sipate wong kang seneng ulah luhuring kebatinan, nanging dadi watake wong kang lumuh tumandang gawe lan cupet nalare. Luhuring kebatinan kudu tansah jumbuh lan laras karo ajuning kawruh lair. Lire, kebatinan kang luhur iya kudu bisa ngujudi pakarti kang luhur uga, kang bisa njunjung lan mulyakake drajading nusa lan bangsane.


Pituduh 125

Saka kayungyuning manungsa marang bandha, semat lan drajad anggone migunakake nganti kerep nglirwakake kautaman, nglalekake jejering kamangnungsan. Uripe prasasat kaesok kabeh ana ing kono. Ora ngelingi kepriye wusananing dumadi. Ing jagad pancen ora ana wewaler wong nglumpukake bandha rajabrana, janji pikolehe manut dalan kang bener lan dipigunakake minangka prabot prenataning jagad.


Pituduh 126

Urip tanpa gegayuhan luhur, bebasane kaya lelawuhan tanpa uyah, sepa tan mirasa.
Gegayuhan bisane kasembadan kudu sinartan ngelmu, jalaran ngelmu mono pancen sangune ngaurip, wondene ngelmu iku tinemu ing laku lan tandang. Sakehing tandang ora becik kelakone yen ora mapan. Lire, bisowa tansah ngelingi marang jantraning kahanan. Wong kang tandang tanduke mapan, angel kepepete, jalaran yen mapan mesthi cepak waspadane. Dene waspede mono sirikane mele lan adoh saka bebendhu.

Pituduh 127

Sakabehing tumindak iku panimbange manut kawusanane. Mula murih bisane sampurna, sabarang kang bakal dilakoni lan ditindakake iku luwih dhisik thinthingana lan pilah-pilahna ala becike kanthi weninge nalar/pikir. Yen wis, tumindake kanthi duga lan prayoga, sarta mawa tepa tuladha. Lire, sabarang patrap mau upamakna tumrap awake dhewe, ilangna pangira-ira tumrap awake liyan kang durung disumurupi. Elinga, sapa kang arep mbecikake alam donya iku, kudu mbecikake awake dhewe luwih dhisik.


Pituduh 128

Ciri-cirine jiwa kang isih kothong mono bisa dititik saka ulat praupan, tutur wicara, lan tingkah lakune kang ora nate gelem kalah. Sabarang tindak-tanduke kepingin unggul lan mamerake kaluwihane, ora angger kaluwihan bisa kanggo ngadhepi bebaya lan ngentas saka papan cintraka.
Kaluwihan kang tanpa dilandhesi kautaman, kena diumpamakake kayadene wedhak pupur sing nempel ing njaban kulit bae, ora bisa tahan suwe lan gampang luntur marga saka pakartine dhewe, awit nerak dhasar-dhasar bebener lan kasucian.


Pituduh 129

Saben tumindak sejangkah ngilowa marang kinclong-kinclonge banyu samudra sing suthik kanggonan sangkrah, jalaran sakehe uwuh mesthi disingkirake minggir. Saben makarya sapecak, tuladhanen pakartine banyu tritisan, nadyan tumetes mbaka satetes, ditindakake kanthi ajeg keconggah mbolongake watu sing atose ngluwihi waja.


Pituduh 130

Sapa kang bisa nelukake mungsuh-mungsuhe, dheweke diarani kuwat. Ananging sapa kang bisa nelukake awake dhewe, iya dheweke iku kang luwih kuwat maneh.


Pituduh 131

Samangsa lagi ngadhepi urip rekasa prayogane adhepana klawan esem gumuyu. Awit iku wus wujud senjata kang bisa gawe enthenging sanggan lan bakal numusi muluring pikir.
Nanging yen penandhangmu mau tansah kok adhepi kanthi ulat kang suntrut adhakane kowe bakal kentekan pikir kang wening, wusanane dadi nekat nuruti pokal kang nerak bebener.


Pituduh 132

Sapa kang nganggep apa bae gampang, mesthi bakal nemu akeh rubeda. Sapa kang gampang janji, iya kuwi kang arang netepi.


Pituduh 133

Urip tegese mbudidaya ngetog tenaga (berjuwang). Urip nikmat tanpa angin prahara padha karo segara kang mati. Aku luwih seneng ditendhang, dilawan dening nasib, tinimbang diugung.


Pituduh 134

Laku jujur kuwi padha karo dhuwit kang bisa laku ing ngendi bae.


Pituduh 135

Kang becik lan ala, kabeh mesthi nampa pikoleh, senajanta kadhang-kadhang nampane cepet, kadhang-kadhang alon.


Pituduh 136

Wong kang kinaranan berbudi iku, yakuwi wong sing rumangsa tambah kasiksa yen nyumurupi sapepadhane nandhang papa lan kasangsaran. Runtuhe rasa welase adate banjur sinusul sarana cucule prabeya lan barang darbeke. Nanging pancen angel golek-golekane wong sing kaya mangkono iku. Buktine ora sethithik wong sing mati merga kewaregen, apamaneh wong sing mati amarga kaliren.


Pituduh 137

Manungsa kuwi dadine becík miwiti saka njero menjaba.


Pituduh 138

Kang waspada marang awakmu dhewe jalaran iya awakmu dhewe kuwi kang mujudake mungsehmu kang paling gedhe.

Pituduh 139

Manungsa kang mung ngelingi marang pakartine pancadriyane mono bakal tansah kasinungan rasa dhemen utawa sengsem. Saka Rasa Dhemen banjur kathukulan rasa melik, saka rasa melik munggah dadi nafsu, saka nafsu banjúr nasar pakartine lan sirna bebudene sing wekasane tumiba ing papa, nandhang kasangsaran.


Pituduh 140

Wong juweh, kawruhe tumempel ing lambe, kumrecek ngebaki ing pasamuwan, katut samirana mrana-mrene. Beda karo wong meneng, kawruhe sumimpen ene ing ati wening.
Wetune ora sarana lambe, nanging katampanan ing pucuking pen, mili amber ing kertas putih, rinasakake ing wong sajagad.


Pituduh 141

Amrih urip kita tansah nemoni rahayu, aja kendhat nggegulang nandur cipta utama sajroning ati sanubari kita sinartan panyuwunan kang mantheng marang Gusti Kang Maha Welas lan Maha Asih, muga pinaringan nugraha bisa ndarbeni ati kang wening lan jiwa kang utama.
Pancen ora gampang wong ngudi bisane kasinungan cipta utama ngelingi menawa manungsa ono mula wis keserenan sipat apes lan lali. Sok ngonowa yen ta sawise nandhang apes lan lali banjur gumregah maneh pangudine apa dene ora kendhat ing panglantihe mantepa ing keyakinan yen Gusti Allah ora bakal ora ngudaneni panyuwun kita.


Pituduh 142

Kawruh lan “Ilmu pengetahuan” iku mung bisa digayuh lan dikuwasani kanthi laku kang laras karo apa kang diwulangake. Lire, ajaran teorine kudu bisa dicakake lan ditrapkake kanggo karahayoning bebrayan. Wondene lakune mono kudu sinartan tekad kang gilig lan kekarepan kang tulus lan mantep kinanthenan kateguhaning iman, kanggo ngadhepi sakehing panggodha sarta nyingkiri sikep laku kang sarwa dudu.


Pituduh 143

Banyu iku bisaning bening yen wis menep. Sanadyan maune buthek, nanging yen wis menep, iya banjur bening. Semono uga tumrap pepinginan utawa gegayuhan yen diudi nganti katog lan menep ing tembe uga bakal kasinungan sifat bening. Lire, nadyan pepinginan lan panggayu bisa kaleksanan klawan tumuli, ewa semono yen ditlateni suwening suwe uga bakal kasembadan.


Pituduh 144

Yen kepingin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka kalungguhan kang endhek dhewe. Awit klawan mengkono ing tembe kowe ora bakal gampang disepelekake dening bawahanmu. Lan kang utama yaiku kowe nuli bisa madeg dadi pemimpin kang bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka watak degsura, anane mung sarwa kebak rasa tepa salira.


Pituduh 145

Ginubel dening rasa “Tansah kurang marem” marang asiling pakaryan utawa jejibahan kang diayahi, sauger ora ngangsa-angsa, sayekti malah dadi pamecut kang becik kanggo luwíh maju.
Nanging yen rasa tansah kurang marem mau ngenani wuwuhing donya-brana, ora beda kayadene reridhu sing esthine mung tansah rinasa kayadene pasiksane ngaurip.


Pituduh 146

Elinga, mbesuk yen wis tumekaning janjine ora kena ora, badan wadhag lan sabarang kalir kang kita darbeni iki bakal kita tinggalake kabeh, ora ana kang kita gawa menyang alam kalanggengan. Mula aja banget nggonira katrem marang kadonyan. Apa maneh, sapa kang tansah ngegul-egulake marang donya branane lan gandrung marang pepinginan kang ora langgeng, esthine ora bakal bisa nemokake kahanan kang bisa gawe langgenging kasenengan lan katentremaning ati.

Pituduh 147

Batiné wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinge Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni karang anane pandum.

Pituduh 148

Abot-aboting coba tumraping ngaurip iku malah ora kaya wong kang lagi kebyukan sihing Gusti Allah. Yen lulus saka pandadaran bisa dadi manungsa kang kajaba gedhe sih kadarmane uga wicaksana lair batine. Nanging yen ta ora teguh imane, wong kang lagi kabombong ing donya arta lan keladuk rumangsa sarwa kuwagang mbendung segara njugrugake gunung mau istingarah bakal koncatan kawaspadane. Kejaba lali marang sangkan parane uga lali yen sakehing drajat lan semat dalasan tekan nyawane dhewe pisan iku mung lugu barang titipan kang sawayah-wayah bisa dipundhut bali dening Kang Kagungan.

Pituduh 149

Ambudidayaa ing bandha manut sakatoging tenaga nanging aja lali kinanthean tead lan seya ye sapeangan bakal kita tanjakakekanggo nindakakepangibadah. Élinga ye pati iku lawanging akheat, denelaku ngibadah iku kang bisadadi sarana nggampangake manungsa tumekane marang ing lawang mau kanthi rasa pangrasa tobat lan sumarah.Suwalike, jiwa raga kang ora kanggo tobat nalangsa ing Gusti Allah iku ora beda kaya anggana bandha kang ora dijakati lan ora ditanjakake kanggo penggawe kabecikan.


Pituduh 150

Yen sira pinuju nandhang bagas kuwarasan, elinga yen nalika kena ing lara, suprih sira tetep bagas kuwarasan kanthi sesirik prakara-prakara kang mbiyen nyebabake lara. Yen ing nalika sugih, elinga yen kena ing pekir, lekas sing kaya mengkono mau kanggo ngawekani amrih sira ora gampang kadunungan pikiran seneng pamer lan sesongaran. Kawruhana, iku kepara nuduhake pratandha yen dheweke iku sejatine wong kang tuna ing rasa welas asih lan miskin ing kawruh.


Pituduh 151

Kita manungsa iki ora kena tansah ngantu-antu tekane wektu kang becik, jer wektu kang becik iku sejatine kudu kita dhewe sing gawe. Kita kudu tansah eling yen sabarang tingkah lan tanduk kita ing dina kang siji iku nggawa keputusan tumrap dina sijine. Dene dina kang pungkasan iku kang mutusake sakabehing wektu lan dina-dina kang wis kapungkur. Mula sadurunge kita umapak marang dina pungkasaning urip, dipadha bisa nglungguhi marang jejering urip manungsa.


Pituduh 152

Wong nandhang lara mono akeh sing merga anggone ngombe lan memangan kliwat taker lan tanpa pilíh-pilíh. Mula kanggo nyandhet ubaling hawa marang bab sakarone mau, dibisa marsudi nyuda nuruti kecaping lidhah sarana nglakoni pasa kang mengku ancas nyingkiri sadurunge katamaning bilahi.


Pituduh 153

Wong kang lagi kasinungan kabegjan lan kamulyan iku dibisa marsudi amrih langgeng, aja banjur kalimput watak jubriya lan sembrana sing sisip sembire bisa kejlungup tiba ing kasangsaran. Yen wis mangkono mung rasa getun lan piduwung sing kari ing pamburine.


Pituduh 154

Hawa napsu lan watak angkara iku sawutuhe manjing ing dhiri pribadine dhewe-dhewe.
Yen diumbar ngrebda bakal gawe “Bencana lan kasangsaran”. Suwalike yen bab mau bisa dikendhaleni bakal njílma dadi watak “Sabar lan prasaja”, tulus eklas aweh pangapura marang sapadha-padha sing gawe kaluputan.


Pituduh 155

Tapaning ati iku mung temen, yen tapaning nyawa mung eling. Sing sapa bisa eling sedina sepisan bae, adate barang kang sinedya bakal ana. Sing sapa temen salawase, kabeh pangajabe bakal kecandhak. Dene kang aran sejatining katemenan iku sakabehing pakarti kang ditindakake klawan madep mantep tanpa mandheg-mangu lan tolah-toleh, saengga sabarang kekarepane bakal ginayuh.

Pituduh 156

Wong iku yen lagi nandhang lara lagi bisa ngrasakake sepira mungguh begjane wong kang kanugrahan awak kang tansah kuwarasan. Nanging suwalike, wong sing awake seger waras lumrahe lali rekasane wong lara. Sangsaya adoh kelingane, sangsaya cedhak anggone ngumbar hawa nuruti pepinginane mripat, ilat, lan telih (wadhuk, weteng) kang sejatine ngajak marang rusaking raga. Mula prayogane tansah elinga perihing lara kanthi nggemateni kanikmatan kang wis diparingake dening Gusti Allah tan kena kinayangapa ajine, yaiku wujud awak kang bagas kuwarasan.


Pituduh 157

Manungsa pinaringan dening Pangeran peranganing awak kang kalarasake karo gumelaring bebrayan. Pinaringan mripat loro, perlune supaya akeha kang dideleng, ya kang ngenani uber ingering alam, ala beciking kahanan, lan owah gingsiring jaman. Lire, supaya linarasna kanthi lantiping panggraita. Pinaringan kuping loro, murih akeha swara kang dirungokake, nuli kathinthingana lan kasaringa kanthi lungiding panyipta lan alapen kang aweh pakoleh.
Pinaringan tangan loro, sikil loro, supaya akehe kang ditandhangi, pilihen kang murakabi kanggo bebrayan agung.


Pituduh 158

Pancen ora ana wewaler ing jagad iki tumraping wong kang nglumpukake donya brana. nanging kita kudu tansah eling yen donya brana mono dudu panggonane kalanggengan.
Nabi Muhammad wus paring sabda : “Ora prayoga ninggalake kadonyan marga nglakoni akherat. Nanging jeneng wong kang nistha sapa kang ninggalake bab akherat marga mung golek donya brana tanpa waspada marang pungkasaning dumadi.”


Pituduh 159

Brangating ati sabisa-bisa kendhalenana, aja diububi nganti muntab dadi ubaling nepsu.
Kayadene nyirep geni sarana lenga. Napsu amarah mono isih tetep bakal tansah mbebedhag selawase yen ta ora kinanthenan pikiran kang menep, lan ati kang eling.
Elinge ati lan meneping pikir bakal numusi mulure budi kang tundhone bisa dadi panyirep sakehing pakartining setan.


Pituduh 160

Wong kang ringkih iman lan batine bakal gampang dadi jujugane durjana apus-apus kang pating sliwer golek mangsan. Pirang-pirang kehe wong kaselak percaya rembug pangiming-iming ora pinikir bakal kedadeyane ing tembe. Wusanane nandhang kapitunan lan kena ing apus.
Mula ditansah waspada, aja lirwa ing kaprayitnan.


Pituduh 161

Samangsa-mangsa thukul pletiking pikir kang kasarung dening ubaling nafsu ala, yogyane sumenepna sauntara. Yen bisa kaya mangkono karan wong wicaksana, jalaran kejaba bisa ngleremake ati kanthi meneping pikirmu uga bakal keconggah nyirep ubaling nafsumu mau.
Wusana rahayu kang tinemu merga bisa sumingkir saka memala kang teka arep ngreridhu awakmu.


Pituduh 162

Wong kang sengsara uripe jalaran ana rong warna. Kapisan saka kaluputane dhewe, kang kapindho merga saka pokale dhewe. Sing kapisan iku paribasane tanem tuwuh kang tansah kodanan lan kepanasan ora diopeni, dene sing kang kapindho paribasane tanem tuwuh kang tansah diapek asile nganti ora kober thukúl godhonge.


Pituduh 163

Yen sira urip ing alam donya iki rumangsa nampa pandum kesethithiken iku wis dadi pepesthene uripmu, ora perlu mbok murinani. Pamurinamu prayoga lipuren sarana mawas lelabuhanmu dhewe, jer lelabuhan ing alam donya mono dadi trajuning akeh sethithike pandummu.