Selasa, 30 Agustus 2011

> Memayu Hayuning Bebrayan

MEMAYU HAYUNING BEBRAYAN

Pituduh 219

Síng sapa ngidham kaluhuran kudu wani kurban lan ora wegah ing kangelan.
Merga yèn tansah tidha-tidha, mokal apa sing kagayuh bisa digantha lan tangeh lamun apa sing diluru bisa ketemu. Makarti wani rekasa kanthi masrahake urip lan jiwa raga marang Kang Murbeng Kuwasa. Yen kepingin menang pancen larang patukone, yaiku kudu bisa nuhoni sesanti: “Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti”.


Pituduh 220

Isih beja yen kowe diunekake “Ora Lumrah Uwong”, jalaran isih dianggep manungsa.
Ya mung solah tingkahmu kang kudu kok owahi amrih ora gawe seriking liyan.
Cilakane yen diunekake “Ora Lumrah Manungsa”, jalaran kowe dianggep setan gentayangan sing mung dadi leletheging jagad marga pakartimu kang ninggal sifat kamanungsan.
Mula enggal-enggala sumujuda marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Sifate Gusti Allah mono sarwa welas asih marang umate kang wis sadhar marang dosa-dosane sarta temen-temen bali tuhu marang dhawuh-dhawuhe.


Pituduh 221

Ora ana penggawe luwih dening mulya kejaba dedana sing uga ateges mbiyantu nyampeti kekuranganing kabutuhane liyan. Dedana marang sapepadha iku ateges uga mitulungi awake dhewe nglelantih marang rasa lila legawa kang uga ateges angabekti marang Pangeran Kang Maha Wikan. Pancen pangabekti mono wis aran pasrah, dadi kita ora ngajab marang baline sumbangsih kang kita asungake. Kabeh iku sing kagungan mung Pangeran Kang Maha Kuwasa, kita ora wenang ngajab wohing pangabekti kanggo kita dhewe. Nindakake kabecikan kanthi dedana kita pancen wajíb, nanging ngundhuh wohing kautaman kita ora wenang.


Pituduh 222

Memitran paseduluran nganti jejodhowan kuwi yen siji lan sijine bisa emong-kinemong, istingarah bisa sempulur becik. Yen ana padudon sepisan pindho iku wis aran lumrah, bisa nambahi raketing sesambungan. Nanging suwalike yen padha angel ngenggoni sifat emong-kinemong mau genah langka langgenge, malah bedaning panemu sithik bae bisa marakake dhahuru.


Pituduh 223

Wong kang ora nate nandhang prihatin ora bakal kasinungan rasa pangrasa kang njalari tekane rasa trenyuh lan welas lahir batine. Wong kang wis nate ketaman ing prihatin luwih bisa ngrasakake penandhange wong liya. Mula adhakane luwih gelem aweh pitulungan marang kang kasusahan.

Pituduh 224

Sarupaning wewadi sing ala lan sing becik, yen isih kok gembol lan mbok keket kanthi remit ing ati salawase isih bakal tetep dadi batur. Nanging yen wis mbok ketokake sathithik bae bakal dadi bendaramu. Isih lagi nyimpen wewadine dhewe bae wis abot. Apa maneh yen nganti pinarcaya nggegem wewadine liyan. Mula saka iku aja sok dhemen kepingin meruhi wewadine liyan.
Sing wis cetha mung bakal nambahi sanggan sing sejatine dudu wajibmu melu open-open.


Pituduh 225

Sok sapaa bakal nduweni rasa kurmat marang wong kang tansah katon bingar lan padhang polatane, nadyan ta wong mau nembe bae nandhang susah utawa nemoni pepalang ing panguripane. Kosokbaline, wong kang tansah katon suntrut kerep nggrundel lan grenengan merga ora katekan sedyane iku cetha bakal koncatan kekuwataning batin lan tenagane, tangeh lamun entuka pitulungan, kepara malah dadi sesirikaning mitra karuhe.

Pituduh 226

Kita iki diparingi cangkem siji lan kuping loro dening Kang Maha Kuwasa, lire mengku karep amrih kita iki kudu luwih akeh ngrungokake katimbang micara. Yektine wong kang dhemen ngumbar cangkeme tinimbang kupinge iku adate wicarane gabug. Suwalike sing akeh ngrungokake, wicarane sethithik nanging patitis lan mentes. Pantes dadi jujugane sadhengah wong kang mbutuhake rembug kang prayoga.


Pituduh 227

Wong kang tansah dhemen nguping kepingin weruh, apadene nyampuri perkarane liyan, gedhene nganti nrambul urun ucap, iku padha karo golek-golek momotan kang sejatine ora prelu, adhakane kepara malah ngreridhu awake dhewe.


Pituduh 228

Ucap sakecap kang kelair tanpa pinikir kerep bae nuwuhake dredah lan bilahi.
Mula wetune tembung satembung saka lesan iku prayoga tan udinen aja nganti nggepok prekarane wong liya, gedhene nganti gawe seriking liyan. Bisa nyandhet ucule pangucap kaya mangkono mau wis klebu ewoning pakarti kang utama. Nanging geneya kok ora saben wong bisa nglakoni ?


Pituduh 229

Wong iku yen wis kasokan kabecikan lan rumangsa kapotangan budi, ing sakehing pakartine lumrahe banjur ora kenceng lan resik. Mulane tangeh lamun yen bisa njaga jejeging adil, awit lesane kasumpetan, mripate bereng, kupinge budheg. Atine dadi mati, angel weruh ing bebener.
Mula saka iku aja gumampang nampa kabecikane liyan, samangsa tujuwane ngarah marang penggawe kang nalisír saka bebener.


Pituduh 230

Aja kaselak kesusu nyepelekake liyan, marga kok anggep wong mau bodho. Awit ana kalamangsane kowe mbutuhake rembug lan pituture wong iku, sing kanyatane bisa mbengkas lan nguwalake saka karuwetanmu. Pancen ing sawijine bab wong bisa kaaran bodho, nanging ing babagan liya tangeh lamun yen kowe bisa nandhingi.


Pituduh 231

Yen micara aja gumampang nelakake penacad utawa pangalem, luwih- luwih nganti memaoni.
Awit wicaramu durung karuwan bener. Sing mesthi panacad mau gawe serik, pangaleme nuwuhake wisa, dene waonane ora digugu, kabeh swara ala. Mula kang prayoga iku mung meneng, jalaran meneng iku yektine pancen mustikaning ngaurip.


Pituduh 232

Udinen ing alam donya iki aja ana wong kang kok sengiti, supaya ora ana wong sengit marang kowe, balik sabisa-bisa padha tresnanana. Amarga lelakon ing alam donya iki anane mung wales-winales bae. Dene yen kepeksa kowe sengit marang sawijining wong, mangka kowe ora bisa mbuwang sengitmu, gawenen wadi aja ana wong kang ngerti. Yen kowe ngandhakake sengitmu marang liyan, prasasat kowe mamèeake alane atimu.


Pituduh 233

Ajining dhiri ana ing lati. Ajining raga ana ing busana. Mula den ngati-ati ing pangucapmu, semono uga anggónmu ngadi busana kang bisa mapanake dhiri.


Pituduh 234

Wong pinter kang isih gelem njaluk rembuging liyan iku dianggep manungsa utuh.
Sapa sing rumangsa pinter banjur suthik njaluk rembuging liyan kuwi manungsa setengah wutuh.
Lan sing sapa ora gelem njaluk rembuging liyan, iku bisa kinaranan babar pisan durung manungsa.

Pituduh 235

Yen atimu wis gilig arep gawe kabecikan kanggo karaharjaning bebrayan, beraten rasa uwas marang pandakwa ala kang ora nyata. Srananana kanthi jembaring dhadha lan sabaring nala, amrih bisa nuwuhake gedhening prabawa lan cabaring sakehing piala.


Pituduh 236

Wicara kang wetune kanthi tinata runtut kang awujud sesuluh kang amot piwulang becik, ajine pancen ngungkuli mas picis rajabrana, bisa nggugah budi lan nguripake pikir. Nanging kawuningana yen grengsenging pikir lan uriping jiwa iku ora bisa yen mung kagugah sarana wicara bae. Kang wigati yaiku wicara kang mawa tandang minangka tuludha.
Jer tuladha mono sing bisa nuwuhake kapitayan. Luwih-luwih mungguhing para manggalaning praja kang wis pinracsys ngembani nusa lan bangsa.


Pituduh 237

Luwih becik ngasorake raga tinimbangane ngongasake kapinteran kang sejatine isih nguciwani banget. Ngongasake kapinteran iku satemene mung kanggo nutupi kabodhowane, jer kabeh mau merga rasa samar lan was sumelang yen ta kungkulan dening sapepadhane. Tindak mangkono mau malah dadi sawijining godha kang mung bakal ngrerendheti lakuning kemajuwane dhewe ing jagading bebrayan.


Pituduh 238

Sapa wonge sing ora seneng yen entuk pangalembana. Nanging thukuling pangalembana iku ora gampang. Kudu disranani kanthi pakarti kang becek lan murakabi marang wong akeh.
Yen mung disranani bandha, pangalembanane mung kandheg ing lambe bae ora tumus ing ati.
Dene yen disranani penggawe kang lelamisan, ing pamburine malah bakal kasingkang-singkang kasingkirake saka jagading pasrawungan.


Pituduh 239

Geneya akeh wong kang dhemen nyatur alaning liyan lan ngalembana awake dhewe? Sebabe ora liya marge wong-wong sing kaya ngono mau ora ngerti yen penggawe mau klebu pakarti kang ora prayoga, mula prelu dingertekake. Awit yen ora enggal-enggal nyingkiri pakarti kang ora becek mau, wusanane dheweke kang bakal diemohi dening pasrawungan.


Pituduh 240

Nggayuh kaluhuran lire ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Dhuwur lair lan batine, ya tumrap dhiri pribadine uga sumrambah kanggo karaharjaning bebrayan. Nanging yen kandheg salah siji, tegese gothang. Yen mung nengenake kaluhuraning lair genah mung ngoyak drajat lan semat, isih miyar-miyur gampang kene pangaribawa saka njaba. Yen ngemungake kaluhuraning batin, cetha ora nuhoni jejering manungsa, awit ora tumandang ing gawe kanggo keperluwaning bebrayan. Ateges tanpa guna diparingi urip ing alam donya.


Pituduh 241

Sing sapa rumangsa nduweni kaluputan, aja isin ngowahi kaluputan sing wis kadhung katindakake mau. Jer ngakoni kaluputan mono wis cetha dudu tindak kang asor, nanging malah nuduhake marang pakarti kang utama kang ora gampang linakonan dening sadhengah wong.
Iya wong kang wis bisa nduweni watak gelem ngakoni kaluputane mangkene iki pantes sinebut wong kang jujur sarta kasinungan ing budi luhur.


Pituduh 242

Manungsa urip iku dibisa nguwasani kamardikaning lair lan batin. Kang dikarepake kamardikaning lair iku wujude bisa nyukupi kabutuhaning urip ing saben dinane saka wetuning kringet lan wohing kangelan dhewe ora gumanung ing wong liya lan ora dadi sangganing liyan.
Dene kamardikaning batin iku dicakake sarana nyingkiri hawa napsu, adoh saka asor lan nisthaning pambudi, sepi ing rasa melik lan drengki srei, sarta tuhu marang paugeran urip bebrayan.

Pituduh 243

Ora ana wong kang ingaranan uríp, kejabane kang mikir sarta tresna marang wong kang ringkíh lan nandhang papa cintraka. Bisa melu ngrasakake kasusahane sarta lara lapane wong liya.
Kanthi pangrasa kang mangkono mau ateges bisa nggadhuh kekuwatan kang tanpa wates, perlu kanggo mitulungi sapadha-padha kang kahanane luwih nrenyuhake katimbang dhiri pribadine. “Pakarti mono darbek kita dhêwe, nanging wohe pakarti mau dadi kagungane Kang Gawê Urip”, mangkono sabdane sawijine Pujangga kaloka.


Pituduh 244

Wong kang baut mawas dhiri iku wong kang bisa manjing ajur ajer, ngerti empan papan laras karo reh swasana sakupenge tanpa ninggalake subasita. Paribasane wong kang baut ngadisarira, aja mung kalimput edining busana bae, nanging bisowa tansah mersudi marang padhanging semu lan manising wicara tanpa nglirwakake marang alus lan luwesing solah bawa.


Pituduh 245

Kecandhaking sawijining idham-idhaman iku ora cukup mung dibandang moncer lan pepaking ilmu lan kawruh bae. Nangíng ana syarat siji kang ora kena kalirwakak, yaiku kapinteran ing bab sesrawungan. Sapa kang bisa tumindak ajur-ajer lan bisa nuwuhake rasa resep marang liyan, prasasat wis entuk pawitan kanggo nandangi sakehing pagaweyan apadene nggayuh idham-idhamane.


Pituduh 246

Nindakake kabecikan mono ora mesthi kudu cucul wragad, nanging bisa ditindakake sarana pakarti-pakarti liyane sing sejatine akeh banget carane. Sauger bisa gawe senenging liyan, upamane bae mawa ulat sumeh tangkep srawung kang sumanak, bisa manjing ajur-ajer ing madyaning bebrayan, lan bisa dadi patuladhan laku utama. Kabeh mau klebu ewoning tindak kabecikan kang ajine ngleluwihi wragad dedana kang diwenehake utawa dipotangake, apamaneh lamun anggone menehi utawa ngutangi iku sinamudana kebak pamrih.


Pituduh 247

Yen kowe arep rembugan, pikiren luwih dhisik tetembungan sing arep kok wetokake. Apa wis ngenggoni telung prekara : bener manís, migunani. Ewa semono sing bener iku isih perlu dithinthingi maneh yen gawe gendrane liyan prayoga wurungna. Dene tembung manis mono ora duwe pamrih, pamrihe bisa gawe senenge liyan kang tundhone migunani tumrape jagadíng bebrayan.


Pituduh 248

Sugih omong kanggo nggayengake pasamuwan pancen apik. Nanging ngomong mung golek suwure awake dhewe sok ketrucut miyak wewadine dhewe. Pira bae cacahe wang kang kepleset uripe múug marga suka anggonesugih omong. Mula sabecik-becike wong iku ora kaya wong kang meneng. Nangíig menenge wong kang darbe bobot kang anteb síng bisa dadi panjujugane para pawongan kang mbutuhake rembug lan pituduh.


Pituduh 249

Ing jagading sesrawungan mono nyirík marang sesipatan kang gumedhe lan wewatakan kang tansah ngegungake dhiri. Sipat lan wewatakan mau adhakane banjur nuwuhake rasa ora lila yen nyipati ana liyan síng luwih katimbang dheweke. Mula saiba becike samangsa sapa kang rumangsa pinter dhewe, sugih dhewe, lan kuwasa dhewe iku gelema nglaras dhiri lan ngleremake cíptane kang wening, yen sejatine isíh ana maneh kang Maha Pinter, Maha Sugih, lan Maha Luhur. Klawan mangkono rasa pangrasa dumeh lan takabur kang dadi sandhungan pasrawungan bisa sumingkír.


Pituduh 250

Luwih becik makarti tanpa sabawa kang anjog marang karahayoning bebrayan, katimbang tumindake wong kang rekane nindakake panggawe luhur nangíng disambi udur.
Yektine tata tentrem iku ora bakal bisa kagayuh yen ta ora adhedhasar kerukunan, dene kerukunan iku mung bisa kecandhak yen siji lan sijine padha bisa aji-ingajenan lan mong-kinemong.

Pituduh 251

Yen kepengin diajeni liyan, mula aja sok dhemen martak-martakake, apa maneh nganti mamerake kabisan lan kaluwihanmu. Pangaji-ajining liyan iku sejatine ora perlu mbok buru, bakal teka dhrwr. Nuduhake kewasisan pancen kudu bisa milih papan lan empan.
Mula kang prayoga kepara purihen aja kongsi wong liya bisa njajagi. Nangíng mangsa kalane ngadhepi gawe parigawe keconggah mrantasi.


Pituduh 252

Aja sok ngluputake, gedhene ngundhat-undhat wong liya, samangsa kita ora katekan apa kang dadi kekarepan kita. Becike kita tliti lan kita goleki sebab-sebab ing badan kita dhewe, amrih kita bisa uwal saka dayaning pangira-ira kang ora prayoga. Kawruhana, yen usadane watak apes sing njalari nganti ora katekan sedya kita iku, ora ana liya, ya dumunung ana ing awak kita dhewe.


Pitudh 253

Arang wong sing bisa mapanake rasa narima marang apa bae kang wis klakon digayuh. Yen rumangsa kurang isíh golek wuwuh, yen wis oleh banjur golek luwih, yen wis luwih tumuli mbudidaya aja ana wong síng bisa madhani. Wong kang duwe rasa mangkono mau satemene memelas. Uripe tansah ngangsa-angsa, ora nate sumeleh atine. Kanggo nuruti rasa kang kleru kasebut sok-sok banjur tumindak ora samesthine lan nalisir saka pakarti kang bener.


Pituduh 254

Watak narima mono yekti dadi sihing Pangeran, nanging yenta nganti kleru ing panyurasa bisa nuwuhake kleruning tumindak. Narima, lire ora ngangsa-angsa nanging ora kurang weweka lan tansah mbudidaya amrih katekaning sedya, dudu ateges kebacut lumuh ing gawe, suthik ihtiyar.
Awit yen mangkono ora jeneng narima, naging keset. Jer wataking wong keset iku mung gelem enake emoh rekasane, gelem ngemplok suthik tombok, satemah dadi wong ora weruh ing wirang, siningkirake saka jagading bebrayan.


Pituduh 255

Wong urip ing alam bebrayan iku yekti angel, kudu bisa ngereh pakone “si aku”, aja nggugu karepe dhewe lan nuruti hawa napsu. Luwih-luwih ing dina samengko, alam bebrayan donya tansah kebak pradhondhi, silih ungkih, rebutan benere dhewe-dhewe. Mula sing baku, wong urip kudu bisa miyak aling-aling kang nutupi pikiran kang wening. Lire, senajana sajroning pasulayan, kudu bisa nyandhet kemrungsung “si aku” istingarah sakehing bedane panemu bisa disawijekake.


Pituduh 256

Wong kang nduweni watak tansah njaluk benere dhewe iku adate banjur kathukulan bendana seneng nenacad lan ngluputake marang panemu sarta tindak tanduke wong liya. Mendah becike yen wong sing kaya mangkono mau kala-kala gelem nggraita ing njero batine : “mbok menawa aku síng kleru, mula coba dak tlitine klawan adil sapa kang sejatine nyata-nyata bener”.


Pituduh 257

Reseping omah iku ora dumunung ing barang-barang mewah kang larang regane, nanging gumantung marang panataning prabot kang prasaja, sarta pemasange rerenggan kang adoh saka watak pamer. Semono uga reseping saliraiku ora marga saka pacakan kang edi-peni, nanging gumantung ing sandhang penganggo kang prasaja, trapsila solah bawa, lan padhanging polatan.


Pituduh 258

Yen kowe kepener lagi srengen lan nesu, prayogane wong sing kok nesoni lan kok srengeni mau kongkonen enggal sumingkir. Utawa kowe dhewe sumingkira sauntara, aja tetemonan karo wong liya. Sabanjure menenga lan etung-etunga kanthi sareh wiwit siji tekan sepuluh.
Klawan mengkono atimu bakal bisa nimbang-nimbang apa nesu lan srengenmu marang wong mau bener, apa malah dudu kowe dhewe sing luput.

Pituduh 259

Jeneng tanpa guna uriping manungsa kang nganti ora bisa nyumurupi marang kang kedadeyan ing sakiwa tengene. Ora bisa asung lelimbangan lan pamrayoga sakadhare kanggo karahayoning bebrayan. Rupak pandelenge ora ana liya kang disumurupi kajaba uripe dhewe. Mati pangrasane, jalaran ora kulina kanggo ngrasak-ngrasakake kang katon ing saben dinane, wusana dadi cethek budine, jalaran saka kalepyan marang tepa palupi kang maedahi ing uripe.


Pituduh 260

Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa ngrumaketake rasa paseduluran. Éwasemono aja nganti kowe kesusu mbecíkake kelakuwane liyan, yen awakmu dhewe rumangsa durung bisa ngenggoni rasa sabar lan tepa selira.
Sapa kang wis ngerti lan ngrumangsani marang sakehing dosane, iku sawijiníng wong kang wis ngerti marang jejering kamanungsane, manungsa kang utama.


Pituduh 261

Ajining manungsa iku kapurba ing pakartine dhewe, ora kagawa saka katurunan, kapinteran, lan kasugihane. Nanging gumantung saka enggone nanjakake kapinteran lan kasugihane, sarta matrapake wewatekane kanggo keperluan bebrayan. Kabeh mau yen mung katanjakake kanggo kaperluwane dhewe, tanpa paedah. Nanging yen pakarti mau kadayan deníng rasa pepinginan golek suwur, golek pangkat lan donya brana, malah bisa dadi memalaning bebrayan, jalaran nyinamudana sarana nylamur migunakake jenenge wong akeh.

Pituduh 262

Ora ana budi kang luwih luhur saliyane nduweni rasa asih marang nusa lan bangsane.
Kadunungan rasa rumangsa nduweni sesanggeman lan kuwajiban mranata tentreming praja kanthi pawitan kapinteran kang dilandhesi kawicaksananing pambudi. Tandha yetineyen asih, yaiku tansah samapta tumandang sawayah-wayah yen ana parigawe kang wigati kanggo warga sapadha-padha, munggahe tansah samapta leladi kanggo keslametaning bebrayan lan karaharjaning nagara.


Pituduh 263

Wong kang kerep tansah dipituturi wong liya iku adate bisa dadi wong dhemen ngati-ati, nanging menawa kapengkok ing perlu sok ora bisa tumindak lan ngrampungi dhewe.
Kepeksa isih kudu noleh wong liya sing diwawas bisa aweh pituduh. Mula kuwi prayoga ngawulaa marang ati lan kekuwatanmu dhewe, jalaran wong liya iku sejatine yen ana apa-apane mung saderma nyawang, ora melu ngrasakake.


Pituduh 264

Wong kang rumangsa dhirine linuwih, ing sawijining wektu mesthi bakal kasurung atine arep mamerake kaluwihane, lire amrih dimangertenana dening wong akeh yen dheweke mono wong kang pinunjul lan supaya diajanana. Sumurupa, sakabehing kaluwihan mau yen ora dicakake mawa lelabuhan kang murakabi marang bebrayan, tanpa guna kepara malah ora kajen lan gawe pituna. Mula kang prayoga bisa tulus dadi wong kang linuwih menawa gebyaring kaluwihan iku mung dikatonake marang batine dhewe, iku wis cukup.


Pituduh 265

Dedana utawa sedhekah marang wong kang lagi nyandhang papa cintraka iku sawijining penggawe becik kang patut tinuladha, sauger paweweh mau ora kinanthenan panggrundel kang nelakake ora eklasing atine. Tetembungan kang lembah ing manah lan merak ati iku luwih gedhe ajine katimbang dedene kang ora eklas. Suprandene nulung lan menehi pepadhang marang jiwane wong kangkacingkrangan iku kang sejatine luwih perlu lan wigati, katimbang mung tetulung marang awake kang awujud kelairan bae.

Pituduh 266

Ulat sumeh, tindak-tanduk sareh kinanthenan tembung aris iku bisa ngruntuhake ati sarta ngedohake panggodhaning setan. Kosokbaline watak wicara kang keras, kejaba keduga gawe tangining kanepson, uga gampang nuwuhake salah panampa. Sabarang prakara kang sejatine bisa putus sarana aris lan sareh, kepeksa dadi adu wuleding kulit lan atosing balung, kari si setan ngguyu ngakak bungah-bungah.


Pituduh 267

Wong kang kulina urip mubra-mubru iku samangsane ngalami sandhungan urip sethithik bae adate gampang kethukulan gagasan lan gawe kang cengkah karo bebener, luwih begja wong kang uripe pokal samadya nanging resik atine. Dene begja-begjane wong iku ora kaya wong sing tansah urip ing kahanan kang kebak godha rencana, prasasat tapa ana satengahing coba, nanging tansah tawekal lan kandel keimanane marang adiling Pangeran Kang Maha Kuwasa.


Pituduh 268

Sipate wong urip iku mesthi kesinungan kekuwatan. Kang ngerti bisa ngecakake dene kang ora bisa ngerti kurang digladhi, temahan ora tumanja. Ewasemono ngempakake kekuwatan mula ora gampang. Buktine ora sethithik kekuwatan kang empane ora mapan. Kawruhana, yen rusake bebrayan ing antarane marga saka pakartine para-para kang ngerti marang dayaning kekuwatane nangíng ora kanggo nggayuh gegayuhan kang mulya, mung kanggo nuruti derenging ati angkara.


Pitudh 269

Katresnan kang tanpa pangreksa iku dudu sejatining katresnan. Kena diarani sejatining katresnan kang mung kadereng lan kena ing pangaribawaning hawa napsu. Dadi yen ana unen-unen ” tresna iku wuta” yaiku síng kaprabawan hawa napsu. Sing prayoga iku mesthine kudu ngugemi unen-unen “tresna iku rumeksa” bisa salaras tumindake. Rasaning katresnan kang cedhak dhewe tumrap sadhengah manungsa iku dumunung ing awake dhewe. Mula sapa kang tresna marang sapadha-padha iku aran tresna marang awake dhewe, tundhone sapa kang tansah ngreksa marang karahayoning liyan, ora beda karo pangreksa marang keslametane dhewe.


Pituduh 270

Srawung ing madyaning bebrayan iku kejaba kudu wasis milíh papan lan empan, uga kudu bisa angon mangsa lan mulat ing semu. Aja nggegampang ngrojongi rembug kang kowe dhewe durung ngreti prakarane. Rembug sethithik nanging mranani iku nuduhake boboting pribadi.
Rembug akeh nanging ampang malah gawe sangga runggine sing padha ngrugokake kepara njuwarehi.

Pituduh 271

Wong kang wis tekan pesthine utawa wis katimbalan bali menyang jaman kelanggengan iku sejatine lagi kena diwenehi biji tumrap ajine kamanungsane lan pakartine nalika urip. Dene wong kang isih padha urip iku perlu disemak bae dhisik, durung kena dipatrapi biji, jer kahanane isih bisa owah gingsir. Sarehne manungsa iki sawijining titah kang luhur dhewe, mula wis samesthine yen kita aja nganti kayadene sato kang patine mung ninggal tenger lulang lan balung bae. Nanging bisowa kita nanjakake urip kita marang pakarti-pakarti utama, sumrambahe marang karahayoning urip bebrayan.


Pituduh 272

Mustikane wong tuwa marang anak mung ana ing laku kang gumati, gunem kang ruruh, lan ujar kang manis. Gumatine dumunung ing tepa tuladhaning tingkah laku. Gunem lan ujar kawengku ana ing ucap kang istingarah numusi kajiwan, lan luhuring budi pekerti. Mula yen ana apa-apa, aja selak marang sebuting paribasan : “Ora ana kacang ninggal lanjaran”.


Pituduh 273

Nanggapi kahanan urip ing satengahing bebrayan iku gampang angel. Aran angel kepara malah bisa gawe ketliwenging pikir samangsa anggon kita mawas kedhisikan kagubel ing hawa.
Aran gampang yen kita bisa mikir klawan wening lan meneb. Iya pamikir kang meneb iku kang aran akal budi sejati. Kang bisa mbabarake wohing wawasan kang mulus resik, ora kacampuran blentonge “si aku”. Apamaneh yen ta kita bisa tetep nguwasani weninging pikir, nadyan kahanane urip ing satengahing bebrayan kisruha dikayangapa, istingarah ora angel anggon kita nanggapi.


Pituduh 274

Srengen marang wong mono aja nganti kenemenen lan keliwat-liwat mung marga wis ngerti yen wong mau ora bakal wani nglawan utawa wis ora bisa nglawan, sing estine mung arep ngedír-edirake drajad pangkat utawa kadibyane bae. Pakarti kaya ngono mau kejaba klebu ambeg siya, uga wong sing disrengeni durung karuwan bakal dadi becik, kepara bisa nuwuhake rasa sengit.
Kang prayoga iku srengen samadya kang mengku pitutur murih becike.


Pituduh 275

Wong pinter kang ora kinanthenan ing kautaman iku ora beda karo wong wuta kang nggawa obor ing wayah bengi. Madhangi wong liya nanging dheweke dhewe lakune kesasar-sasar.
Kapinteran mangkene iki yen ta dicakake ing madyaning bebrayan bakal nuwuhake kapitunan, pikolehe malah mung wujud kasangsaran lan karusakan