Senin, 27 Agustus 2012

> SERAT CEMPALA HAYU (Prasetya Jati Panunggaling Kawula lan Gusti)

SERAT CEMPALA HAYU

Prasetya Jati Panunggaling Kawula lan Gusti kaserat minangka Pambuka Wiwaraning Karahayon.

1. Gunung kelir wawayangan Gusti, ilang gunung apa kang katingal, kang katingal sayektine, sesandine Hyang Agung, kang makarya ing jagad iki, jumeneng pangawak teja, hanyalira hayu, hangemot isine jagat, hamengkoni busana sesilih wangi, ngembani tuk ing Sabda.

2. Aduh yayi gegantiling ati, iki pun kakang prasetya tedak, hanjangkung kabeh lakune, duh yayi pancering laku, hamurwani patrap nyawiji, tetepa panunggalnya, marang ananipun, iki pun kakang sajuga hanyaguhi tansah lampah hangayomi, rahayu kang jinangka.

3.Kakang Prabu pancering panunggil , nila hening pustakeng kaywanan, binuka saliring pangreh, pangesuhing lelaku, para ghaib ing tanah Jawi, dumunung ing wak ingong, ananira iku, wus jangkep titi wancinya, kakang Prabu dadya atur glis tinampi, hayu saliring lampah.

4. Beja temen ananingsun iki, ratri siyang tansah reruntungan, nyabawa nyalira dzate, mar marti kadang pembayun, ponang getih ingkang wuragil, puser pancering kiblat, hayu tansah hayu, Sang Prabu panutan lampah, donya kherat sung prasetya awak mami, nekakna kang den jangka.

5. Marmane kapatah hanyawiji, kadang papat lima pancerira, ngibadah manut kodrate, lelabuhanira hayu, ngelestarekna pancering urip, senadyan durung wikan, sapa yektinipun kang lenggah telengging tawang, panutane tumitah sajagad iki, jejuluk Allah katon (hadi suksma).

6. Ana dene lungguhe Sang Adil, aneng rasa pancering panembah, Sang Guru Jati dunungreh, sirnane laku luput, laku nyimpang paugeran adil, binuka lawang swarga, kanugrahanipun, yekti purwaning panunggal, jeneng ingwang kalayan Ratuning Adil, hayu nir panca baya.

7. Bapa jati pangukiring urip, Ibu jati panunggaling rasa, mengkoni panunggal dzate, sabarang kang dinulu, kang rinasa sajroning ati, mranata krana lampah, hambeg ing aluhur, gawe tentreming wardaya, miji sastra panunggal kawula Gusti, tinata jroning nala.

8. Kaki nini mustikeng pepeling, dumadine rahayu lampahnya, kinemong pra ghaib kabeh, marma tansah rahayu, manungsane weruh mring ghaib, ghaib saka Pangeran, Ingkang Maha Agung, sung prasetya mider ing rat, ngasta paugeran peparinge Gusti, Jamus Kalimasada.

9. Kadangingsun aywa was kuwatir , minangka pambukaning warana, pasamuan agung dzate, rawuhe Nabi Rasul, para ghaib leluhur sami, tanapi pra malaekat, pan samya nyengkuyung, tumurune kanugrahan, tumrap sira kabeh putra wayah mami, tedak ing tanah Jawa.