Selasa, 09 Oktober 2012

> SANGUNING AGESANG

KINANTHI Kanthi awas lawan emut / santosa sabar ing budi / makatên wêwulangira / para lêluhur ing nguni / yèku sanguning ngagêsang / nèng donya murih basuki // Lire awas têrangipun / sabarang tindaking urip / aswa tilar ing wêweka / wajib titi ngati-ati / jêr donya akèh penginan / kang karya sangsarèng dhiri // Awit ing kalimrahipun / ngagêsang lamun ningali / ing wêwarnan kang sarwendah / miwah mawi amêmelik / kauntungan langkung kathah / tyasira gampang kapengid // Ing satêmah lalu limut / saking melik gendhong lali / wong dêdulu: ngabotohan / makatên upaminèki / saèstu melik kalintang / wrin pamênang anglangkungi // Jêr saêjam bisa ontung / mênang têlung puluh ringgit / tur sinambi jêjagongan / ngrungokke gôngsa ngêrangin / tibaning gong kabênêran / nêbak bangku angrabasi // Bingahe kalangkung-langkung / lir jawah têkaning dhuwit / kang mulat dahat kapranan / têmah milu anênêmpil / yèn mênang pan dadi tuman / yèn kalah mrih wangsuling dhit // Kang makatên wujudipun / wong tilar waspada yêkti / mung kang mênang kang katingal / kang kalah datan tiniti / gene tan wrin kawirangan / nêmbung utang kèh sujanmi // Yêkti kathah yèn winuwus / bêbaya ingkang pinanggih / wit saking karêm kasukan / wong sugih pan dadi miskin / priyayi kecalan pangkat / wênèh ana nglalu mati // Wontên malih tunggilipun / wong karêm utang kapati / dupèh gampang linampahan / mung muwus kèwês kawijil / nyêngka nganggo têtanggungan / mêsthi lamun dèn sukani // Wêwekane tan dinulu / anakan nêkuk nikêli / mung melik tampaning arta / krasa-krasa yèn tinagih / pinêksa bayar cicilan / mawi ngancam murih miris // Ketang saking ajrihipun / wusana ngupaya budi / utang-utang maring liyan / karya wangsuling panicil / mangke saya kasangsaya / nandhang utang andharindhil // Sigêg ganti kang winuwus / mênggah bab emut puniki / lire emut mring lêlakyan / nênggih utamining urip / sumingkir maring maksiyat / yèku panggawe tan yukti // Jêr ngagêsang yèn kongsi wus / paracidra anindaki / utang ngêmplang ambêbedhang / ambêk siya ing sêsami / colong jupuk èstu têmah / sinirik sakèh sujanmi // Dadya apês badanipun / uripe sinônggarunggi / nambut karya tan tinampan / saya ayun angêngêmpit / candhak kulak bêbakulan / layanane nora sudi // Yèn kalêrês sami kumpul / jroning pasamuan yêkti / kang cêlak tumuli kesah / sumêlang bok diarani / ginêbyah uyah wong ala / katôndha katon nyakêti // Marmane sami dèn emut / marang ing panggawe bêcik / anêtêpi tatakrama / mrih sinihan ing sasami / èstu agêng dayanira / sugih mitra mitadosi // Kêni pininta pitulung / bok ing têmbe angalami / lêlakon kang ewuhaya / anaa kang amadhangi / pêpêtênging manah susah / mrih lêjar lir wingi uni // Wondene ingkang kasêbut / santosa kukuh ing kapti / tan kagiwang ing panggodha / mung mungkul ngèsthi sawiji / kanthi têmên-tinêmênan / mrih katêkan kang kinapti // Makatên ing lampahipun / panggayuh marang kamuktin / têtêp budi datan owah / mungkur ing rèh ngujèng kapti / abêbungah tanpa wayah / byung-ubyungan pakardi // Balik malah amilaur / nèng ngomah marsudi budi / kasampurnaning pakaryan / apa ingkang dèn tindaki / insya Allah katurutan / katêkan ingkang kinapti // Mangke sabar kang winuwus / kathah ingkang amastani / tindak ingkang ngulêr kambang / ngalêmêr lir kurang bukti / cinacad tindak tan yogya / makatên klintu sayêkti // Wondene pikajêngipun / tindak kang sabar puniki / lire mawi ngarah-arah / aywa nganti mindho kardi / marma katon datan rikat / saking tindak ngati-ati // Yèn ambabar èstu punjul / kang saya lêga ing galih / kang mulat sami karênan / saking ing pakirtyan awig / satêmah kondhang warata / aindêngi sanagari // Yêkti wontên bedanipun / tindak sabar lawan rindhik / tumrap tindak ingkang sabar / talatèn kalawan titi / datan darbe wêgah sayah / linambaran budi êning // Tindak kang rindhik puniku / kakehan klêthêk yèn wiwit / nadyan garap barang gampang / dangune kapati-pati / ing wusana lêrês lêpat / tarlèn nyuwun pangaksami.