Rabu, 03 Oktober 2012
> TRI PRAKARA, SATRUNING NGAURIP
Tri prakara, satruning ngaurip. Yèn pinêkak: wèh utama. Yèn inguja: wèh sangsara.
MEGATRUH
Pêgat-pegat wuwuse pandhita sêpuh / mring sagunging para cantrik / kang samya andhèr nèng ngayun / nyadhang wulange sang rêsi / munggèng sanggar kacariyos //
Pan mangkana purwaning wasitanipun / sira kabèh para cantrik / rungokna wêwulang ingsun / môngka sangune ngaurip / aywa na kang kaparojol //
Tri prakara satruning manungsa iku / kang dadi godhaning urip / setan lawan donyanipun / miwah daginge pribadi / katrinya tan wèh krahayon //
Marmanipun sira kabèh pra manguyu / kudu awas kudu eling / ywa sira nganti kalulut / mring katri kang môngka wèri / wèrining wong mèt krahayon //
Lamun ana kang klulut mring katri iku / tangèh ingaran utami / malah kosokbali tuhu / aran manungsa sapalih / mokal eling mring Hyang Manon //
Mungguh jèntrèhe katri prakara iku / sun udhare saka swiji / setan iki artinipun / kang tansah ngojok-ojoki / murih nglampahana awon //
Nadyan janma yèn nganggo watêk puniku / yakti tan siwah lan iblis / mung tansah mèlèt mêmulut / dimèn katut kanthil-kanthil / kalulut maring piawon //
Wus mangkono watêke iblis puniku / tansah ngarah-arah arih / mawèh gunêm manis arum / lir tètèsing madu gêndhis / kang ingarah tan karaos //
Yaktinipun gunême kang manis iku / môngka tèdhèng aling-aling / tandukkên paekanipun / ywa nganti cêtha katawis / dènnya nglèlèti piawon //
De trangipun watêke iblis puniku / sêngit mring janma utami / dadya kathah krenahipun / nandukkên guna lan dhêsthi / nanging sranane tan mêlok //
Adhuh-adhuh sira cantrik lan manguyu / dipun awas dipun eling / mring solah kridhaning mungsuh / kang padha alaku sandi / masang jirêt kang tan katon //
Singgahana kabèh gunêm manis iku / solahbawane katawis / kang ngarah ala puniku / lèjêm liringing pangèksi / wum mêlok yèn arsa goroh //
Kang kadwinya sangkalaning urip iku / donya brana rajapèni / rêtna adi myang jumêrut / cinêkak gampanging uni / kabèh kang sorote mompyor //
Dayanipun soroting donya puniku / nyulapi tranging pangèksi / lèngkète ngluwihi pulut / nutup netra kanan kering / nyumpêt karna ngrisak batos //
Kathah janma dadya ewah miwah gêmblung / mung kalulut rajapèni / datan jêjêg imanipun / lali kang wus dadi wajib / nêrak anggêring Hyang Manon //
Wus bênêre manungsa wajib anggayuh / rajabrana rajapèni / nanging aywa nganti limut / mung melik bôndha kang adi / wani nrajang mring wêwaton //
Kang kacêtha minôngka upaminipun / punggawa abdi nagari / priyayi apangkat luhur / nômpa bêsêl rupa picis / sing janma kang sugih yêktos //
Wigatine nyaosi bêsêl puniku / kinacèka ing sasami / yèn lêpat aywa ingukum / wasana priyayi melik / nômpa picis mlêbu kanthong //
Adhuh-adhuh kabèh para cantrik ingsun / aywa sira wani-wani / nglakoni tindak kang dudu / nêrak anggêring nagari / mung ngudi isining kanthong //
Iku têtêp janma tan wruh saru siku / mung kalulut êmas picis / lali marang wajibibun / nrajang sumpahe pribadi / mung melik intên mancorong //
Katrinipun satruning ngaurip iku / yèku daginge pribadi / myang kabèh karêmanipun / kang kaprah ingaranan mim / iku singkirana yêktos //
Luwih kathah cacahing êmim puniku / minum mangan lawan main / madat kaping caturipun / kang luwih gêdhe satunggil / yèku kang ingaran madon //
Kang sun rêmbug mung kang aran madon iku / iki karêmaning daging / kang lwih gêdhe dosanipun / kang nêrak prakara iki / klêbu janma kang lwih asor //
Datan pae lan sato kang asor tuhu / marma sira para cantrik / cêgahên ardaning kayun / kang kapengin ulah rêsmi / mung nuruti budi asor //
Pêrangana kêkarêpan kang tan urus / yèku karêmaning daging / kang tansah murih mêmirut / nutup karna myang pangèksi / anjarag nglampahi awon //
Lamun sira bangkit nyandhêt hawa napsu / iku utamèng dumadi / aran unggul juritipun / mêrangi kurdaning iblis / iku manungsa kinaot //
Marmanipun kabèh cantrik lan manguyu / udharên budinirèki / jèrèngên tawangna gupuh / munggèng pêpadhang sajati / ing kono apa kang katon //
Lamun ana kang sisip gêdhe salugut / enggal jumputên pribadi / cêmplungna ing gêni murub / dimèn sirna êntèk ênting / kari bêcike kang mêlok //
Mung samono gaduging wêwulang ingsun / adhuh sira para cantrik / cathêtên munggèng kêkulung / minôngka jimat paripih / ywa nganti lali ngrêraos //
Wêwêlingku sira kabèh pra manguyu / candhêtên ardaning ati / elinga mring katri iku / setan donya lawan daging / katrinya tan wèh krahayon //
Tan paedah sira cêgah mangan turu / salaminya anyênyirik / nanging nguja hawa napsu / nuruti karêping daging / têtêp ingaran wong asor //
Para cantrik sandika ing aturipun / dhawuh andika kapundhi / nêdya nglampahi pituduh / andikane kyai rêsi / sang rêsi nulya makuwon //
Para cantrik kinèn samya nyuwun rêmbug / yèn wontên pêtênging budi / kênèng sambekalanipun / kang dadya araling urip / puwara gya samya bodhol //
Pramila kadhapur wicantênipun pandhita mulang para cantrik, supados botên katingal nyolok mripat. Gubahanipun: ajar ing wukir Lawu.
Anggitanipun R.S. Karta Wardaya